Minggu, 16 Desember 2012

Jawa ; Sebuah Warisan Budaya


Tembang Jawa

agendol
Tembang dolanan kalebet budaya tradisi lan salah setunggalipun warisan budaya ingkang adi luhung pantes dipunuri-uri lan lestantunaken. Tembang dolanan anak inggih lagu ingkang lahir tanpa bapa ibu, ugi namung awujud lisan utawi tradisi lisan mboten arupi tulisan, lan kadospundi asal-usulipun lan larah-larahiupun mboten wonten ingkang mangertos. Tembang dolanan dipun kenal awit namung gethok tular kemawon.

Miturut Wayan Dibia (2000: 47) wosipun bilih tembang dolanan bagian tradisi lisan ingkang biasa dipun tembangaken kanthi spontan ing plataran griya, lorong- lorong griyo utawi ing lapangan. Gandheng wujudipun sastra lisan kathah tembang dolanan ingkang ewah saking aslinipun, ingkang iwah syairpun awit dipun jumbuhaken kawentenan utawi daerahipun, nanging lagu/iramanipun rata-rata tasih sami. Wonten ing TV asring miring tembang dolanan mawi arasemen enggal, benten kaliyan aslinipun. Miturut Dananjaya (20997) bilih penyebab ewahing tembung ing tembang dolanan amargi ditum tularaken kanthi lisan, anggenipun mirengaken mboten sami, lafalipun kirang cetha utawidipun larasaken kaliyan kawontenanipun jaman. Tembang dolanan sampun turun-tumurun saking simbah-simbah
Ing jaman sakmenika lare balita kathah ingkang boten mangertos syair utawi permainanipun tembang dolanan, lare langkung remen nembang lagu-lagu cinta ingkang pantesipun kangge piyantun dewasa. Kawontenan punika mrihatosaken kita sadaya, jalaran tembang dolanan namung saget pinanggih ing padusunan. Isinipun tembang dolanan warni-warni, wonten ingkang arupi pitutur luhur, bab sato kewan, kejujuran, kebersamaan, tanggungjawab. Pramila perlu kawigatosan ingkang mirunggan, khususipun tiyang sepuh, awit lare balita wedalipun langkung kathah kaliyan tiyang sepuhipun tinimbang masyarakat utawi sekolahan. Sakselanipun wedal sesarengan kaliyan para putra mboten wonten salahipun menawi lare dipun kenalaken kaliyan budaya Jawi, kadasta tembang dolanan. Wiwit nalika lare sampun saget nirokaken, prayoginipun tembang dolanan dipun kenalaken dhumateng lare, kados tembang gundhul-gundhul pacul. Sanadyan tembang dolanan s
yairipun prasaja namung isinipun ngemot pitutur luhur tumrapipun lare balita, Dene nalika ngajari, tiyang sepuh mboten namung mrentahaken lare niru kewala nanging sageta dipun terangaken maknanipun kajumbuhaken kalian umur lan pengalamanipun.
Tumrapipun lare balita ingkang sampun sinau ing pawiyatan formal, kados TK, Playgroup, TPA, tembang dolanan saged paring kontribusi ing bab pembentukan perkembangan kecerdasan lare, awit lare saget dipunajak apresiasi isining tembang, wujud pentas ing sakngajengipun kancanipun, mboten namung ngapalaken syair lan lagunipun kemawon supados saget narik kawigatosanipun lare. Ing mriki tuwuh raos tanggungjawab saget pentas kanthi leres lan sae, menawi ujudipun kelompok saget nuwuhaken raos kompak kaliyan kanca.
Punapa malih wonten wigatosan saking pamarentah arupi lomba utawi show tembang dolanan ingkang pesertanipun saking kelompok bermain, PAUD, TK lan sakjenispun. Tujuanipun kangge nglestantunaken warisan leluhur ingkang adi luhung lan tasih trep menawi kangge tulada ing jaman modern menika.
Tembang Dolanan


Tembang dolanan ingkang kula kajengaken wonten ing seratan menika lelagoning tembang (ukara ingkang dipun tembangaken dening manungsa) ingkang susunan tembungipun bebas mboten terikat deneng aturan kados dong ding /guru lagu, guru wilangan, jumlah barisipun. Tembang dolanan lare-lare Jawa saget minangka kangge pitutur luhur trumapipun lare jumbuh kalian umur lan sekolahipun

Tembang dolanan inggih punika tembang ingkang dipun tembangaken dening lare saget mawi iringan gamelan utawi alat music , saget mawi gerakan utawi tari lan wonten ugi tanpa gamelan lan gerakan utawi tari, dene syairipun dipunjumbuhaken kaliyan alam pikiranipun lare lan khayalanipun lare (Supanto dkk, 1981/1982:27).
Tembang dolanan umumipun dipun ekspresikan kanthi sikap seneng (gembira), ceria, periang. Sak liyanipun pitutur, tembang dolanan mujudaken olah seni ingkang sae, trep kaliyan perkembangan jiwanipun lare. Supados lare balita gampil nyinau lan enget kaliyan syairipun, boten bosennaken, nalika ngajari lare boten perlu dipunjlentrehaken isinipun kanthi detail, cekap ingkang prasaja kados wonten ing syairipun, sandyan wonten ingkang mboten gathuk antawis tembung-tembung wonten ing tembang dolanan. Benten menawi tembang dolanan kangge lare SD kelas tiga minggah kedah dipunterangaken kanthi rinci suraosipun tembang dolanan supados lare mangertos isinipun lan saget kangge tulada ajaran ingkang sae utawi becik. Menawi namung saktleraman tembang dolanan namung arupi baris-baris tembung ingkang mboten wonten maknanipun, nanging menawi dipungatosaken saestu, ngemot: masalah kehidupan ingkang komplek kadosta: pitutur, agama, masalah lingkungan , budi pekerti, sopan santun. ingkang arupi sindiran utawi panglulu. Sajatosipun tembang dolanan punika sastra seni ingkang piawi kangge ulah bunyi asonansi, aliterasi, rima, pepindhan, parikan inkang nengsemaken manah saengga tembang dolanan minangka ajang kreativitas seni lan alam pikiran manungsa..
Pawiyatan Lare Balita (PAUD)
Pawiyatan menika proses ingkang dipun betahaken kangge ngimbangi lan nyekapi kabetahanpun manungsa. Tujuan pawiyatan samangke sampun sae lancetha inggih menikan minteraken bangsa. Namung mutunipun pawiyatan gumantung: (1) kurikulumipun lan pelaksanaanipun, (2) motivasi dhumateng lare (peserta dhidhik), awit mboten namung minteraken lan trampil ing bab ilmu nanging ugih raos tresna lan hadarbeni dhumateng ilmunipun, mboten namung ijasah ingkang dipun predi nanging ugi bab penguasaan ilmu linambaran rasa tresna saengga cak-cakanipun saget murakabi (berguna), (3) pengenalan metode kreatif, (4) menejemen sekolah lan (5) dukungan ugi kesadaran masyarakat dhumateng pawiyatan kangge para putra kanthi maksimal. Lare mbetahaken lingkungan ingkang kondusif kangge perkembangan fisik lan psikisipun.
Pawiyatan ing seratan menika namung mligi pawiyatan anak usia dini (PAUD) utawi balita. PAUD saget katempuh wonten pawiyatan formal kados: TK, TPA, Kelompok Bermaian minangka persiapan mlebet pawiyatan dasar. PAUD ugi saget dipun adani ing keluarga lan masyarakat. Lare umur 2-5 tahun sampun ketingal pinteripun,akal positifipun, mletik gagasanipun, tuwuh emosinipun, tingkah lakunpun jumbuh kalihan tambahing umur. Pramila lare balita mbetahaken kawigatosan ingkang mirunggan mliginipun bab perkembangan fisik lan psikisipun lare.
PAUD wadah utawi upaya pembinaan lare wiwit lahir ngatos umur 5 tahun ingkang dipun siapaken kanthi sae, dipun gatosaken gizinipun, kesehatanipun, dipun pantau perkembangan jiwa lan psikisipun. Guru ing pawiyatan PAUD sayektos dipunuji sadayanipun, kadospundi lare clingus, jirihan dados kendel pinter tanggung jawab ora nakal. Menika ugi kalebet salah satunggalipun tugas Guru. Bab menika ingkang jalari kathah tiyang sepuh nglebetaken putranipun balita wonten ing PAUD, playgroup atau TK. Tiyang sepuh gadhah raos was sumelang mboten saget mengembangkan kemampuan lare kanthi maksimal.
Peran tiyang sepuh tumrapipun pawiyatan balita penting sanget, awit penapa ingkang dipun sawang, mirengaken, raosaken kanthi ginakaken pancaindra anak langsung kesimpen ing otakipun. Pramila sikap, ucap lan patrap tiyang sepuh utawi tiyang ing lingkunganipun dipun pelajari lan dipun tiru. Tiyang sepuh minangka guru pertama kanggene lare balita. Tiyang sepuh dados pewarna hatinipun lare ingkang putih bersih, Pakulinan ingkang sae tiyang sepuhipun lan lare dipun arahaken tumindak sae hasilipun ugi sae. Namung kathah tiyang sepuh mboten gadah program utawi kurikulum ingkang gumathok tundhonipun lare bebas wonten ngajeng TV nyimak acara-acara TV tanpa pendampingan tiyang sepuhipun, hasilipun punapa kemawon tayang ing TV lare apal awit asring jinglengi TV, kadasta lagu Cinta satu malam, salah alamat, tinimbang tembang ilir-ilir, cublak-cublak suweng. Malah kathah tembang dolanan isinipun langkung sae tinimbang lagu pop ing wedal menika. Lare nalika dipunajari tembang dolanan asring taken tembung ing tembang nanging rikala nyimak lagu pop lare gampil apalipun. 


Sampun wancinipun dene tiyang sepuh ngenalaken budaya Jawi ingkang adiluhung kados tembang dolanan, dongeng, unggah ungguh basa. Ngajari tembang dolanan dhumateng lare balita kedah cetha lan mboten paksaan. Menawi kedah dipun peragakaken mawi tarian utawi gerakan tangan, tiyang sepuh kedah saget ngira-ngira dipun jumbuhaken kaliyan umuripun, lan dipunterangaken sacekapipun.

Guna lan Paedahipun Tembang Dolanan minangka Saran Pendidikan Lare Balita
Rikala alitan kula tembang dolanan asring dipun tembangaken kalian kanca sakbarakan ing wayah sonten utawi bakda Magrib menawi wanci padhang bulan. Tembang dolanan ing jaman samanten menika kangge hiburan, awit TV tasih awis-awis ingkang gadhah, benten kaliyan jaman samenika, lare remen piyambakan dolanan playstation. Malah ing TK ngantos SMP tembang dolanan dipunajaraken dening bapak ibu guru, ing wanci ngaso sebagian lare sami dolanan lan nembang jamuran, tembang donanan menika lucu lan mendidik, ing tembang dololanan utawi lelagon jamuran dipun tidakaken lare 5 -6, sadereng kawiwitan wonten aturanipun pramila pemain lan ingkang dadi kedah manut aturan, lajeng dipun wiwiti hompimpah, ingkang dados wonten ing tengah lingkaran. Tembang jamuran ngemot suraos kerukunan, kejujuran, patuh aturan ingkang dipun tetepaken sesarengan.
Paedah lan pigunanipun tembang dolanan (fungsi tembang dolanan) kangge lare balita benten kalihan kangge lare umur 6 tahun minggah. Ing seratan menika kula namung ngrembang fungsinipun tembang dolanana kangge lare balita.
Tembang dolanan ingkang mawi permainan utawi namung nembang kewala, manfaatipun kangge ngajari (ndhidhik) olah raos pribadi kaliyan tiyang sanes (setia kawan), disiplin, tertib, waspada, kreatif, kritis, keteraturan. Intinipun tembang dolanan minangka sarana pendidikan; dados media pitutur (pesan moral) tiyang sepuh dhumateng para putra, saget ngremenake lare balita awit raos bingah saget ningkataken akal budinipunn (jiwa anak), sanajan namun niru, lare dipun paringi kebebasan kangge berkreasi jumbuh kaliyan perkembangan jiwanipun, awit lare gampil nampi bab enggal pramila tembang dolanan ingkang dipun ajaraken ingkang ngandhut pitutur luhur, sampun ngantos dipun ukum (dadi) kewala nadyan kedah dadi, perlu dipun menangaken awit raos menang dados kebanggaan seben lare (merangsang emosi positif) jalaran saget nindakaken tanggungjawabipun. Salajengipun badhe kaandaraken guna lan paedahipun tembang dolanan kangge Balita.
Kangge seneng-seneng (hiburan)
Tembang dolan utawi nyanyian rakyat minangka sarana rekreasi, hiburan, lan seneng-seneng. Miturut Dananjaya(1997: 152:153): Lagu dolanan sebagai nyanyian rakyat berfungsi rekreasi, yaitu untuk melepaskan diri dari kebosanan hidup sehari-hari atau hiburan diri dari kesukaran hidup, sehingga dapat pula menjadi pelipur lara atau untuk melepaskan diri dari ketegangan perasaan sehingga memperoleh kedamaian jiwa.
Adhedhasar pamanggih menika, intinipun tembang dolanan saget kangge nglipur ati ingkang nembe suntuk, kangge ngenggar-enggar manah, hiburan diri pribadi utawi seneng-seneng saengga pikantuk katenangan batin. Menggahing lare Balita tembang dolanan minangka hiburan utawi seneng-seneng sesarengan tiyang sanes (saget tiyang sepuhipun, sedherekipun utawi kancanipun), malah nalika lare nangis tembang dolanan saget dadosaken lare mendel. Kadasta tembang Jaranan, Menthok-menthok. Nalika ngajari nembang ginaaken paraga utawi jogetan, lare balita badhe nggatosaken kanthi permati lan niru saksagetipun, malah saget lakak-lakak awit lucu lan ngremenaken. Tembang jaranan mawi jaranan saking debok utawi kayu sakwontenipun malah kadangkala mawi guling alit. Cakepanipun makaten:
Jaranan-jaranan… jarane jaran teji

Sing numpak ndara bei 
Sing ngiring para mantri
Jeg jeg nong .. jeg jeg gung 
Prok prok turut lurung 
Gedebug krincing gedebuk krincing 
Prok-prok gedebug jedher

Nalika ngajari mawi permainan (joget kados jogetan jaran kepang), lare dherek joget nirokaken, lan sasaged lare badhe berusaha persis kaliyan gerakan lan lagu ingkang ngajari. Pas prok-prok gedebug jedher, jaran (alat peraga) dipun lepasaken lare tentu lakak-lakak awit jaranipun dhawah utawi nabrak.
Cakepan tembang menthok-menthok:

Menthok, menthok, tak kandani 
Mung lakumu, angisin-isini 
Mbok yo ojo ngetok, ono kandhang wae 
Enak-enak ngorok, ora nyambut gawe 
Menthok, menthok … mung lakumu 
Megal-megol gawe guyu.

Tembang menthok-menthok kalebet tembang lan permainan. Ingkang umum dipun peragakaken langkung sakin setunggal. Nalika kita ngajari lare balita, langkung prayogi mawi tarian niru menthok, badan dipun bungkukaken sekedhik, tangan setunggal ing pinggul kados buntut lan setunggal ing ngajeng dados cucuk. Lajeng lampahipun megal-megol. Rikala nembang gerakan tangan dipun jumbuhaken kaliyan syairipun supados lare pikantuk gambaran solah bawanipun menthok. Sasampunipun kita jarwani maksudipun, ingkang positif saget kangge tulodho dene ingkang kirang prayogi utawi awon dipun bucal. Kanthi makaten kajawi lare dados remen ugi ningkataken olah rasanipun (menumbuhkan kreativitas berfikir).
Ajaran moral
Tembang :
siji loro telu...

astane sedeku.....
mirengake pak guru,
menawi di dangu....
papat, nuli limo....
lenggahing sing toto....
ojo podo sembrono,
mundak ora biso

Rikala tembang menika dipun tembangaken lare TK Nol kecil / Bustanul Atfal 2 (BA 2) , syair lan sikapipun lare sampun jumbuh. Tegesipun sasampunipun lare rampun anggenipun nembang patrapipun sami anteng, tangan sedheku wonten meja sami migatosaken bu guru mucal lan menawi dipun dangu lare ngacung, sanadyan kadang kala jawabnipun lepat. Miturut Bu Endang guru TK BA 2 gegayutan bab basa lan budaya Jawa dipunajaraken saben dinten Sabtu. Dene tembang ingkang dipun ajaraken ingkang ngemot pitutur luhur, maksudipun nalika nembang tembang dolanan lare nirokaken bu guru lan dipun wongsal-wangsuli sak-sampunipun rampung guru nerangaken tegesipun, ingkang sae saget kangge tulada, dene ingkang boten sae dipun bucal, kadas dene tembang siji loro telu. Lare dipun terangaken tegesipun. Wonten ing tembang siji loro telu ngemot ajaran moral ingkang adi luhung, lare mboten umyeg piyambang utawi bengok-bengok. Sanesipun tembang menika ugi ngajari bab masalah angka lan urut-urutanipun, lare patuh mboten wonten ingkang nyobi ngewahi urutanipun.
Semanten ugi tembang menthok-menthok, ngemot pitutur inggih punika panglulu. Kadospundi lare balita mboten nampi napa wontenipun, mboten keset utawi tilem kewala, malah kumalungkung (lakune megal-megol) sajak ngece. Pramila peran guru nalika ngajari tembang dolanan langkung prayogi dipun kantheni surasanipun tembang,lan dipun terangkan ajaran ingkan sae pantes dipun tindakaken .
Kawruh ngenalaken lingkungan flora lan fauna
Tembang dhondhong apa salak, kodhok ngorek, kidang talun, aku duwe pitik cilik, gajah belang, kupu kuwi, kalebet tembang ingkang woten gayutipun kaliyan lingkungan flora lan fauna. Sanajan surasaning tembang benten-benten, namung saking judulipun lare saget mangertos lingkungan hidup ingkang asring dipun panggihi lan saget bedakaken setunggal lan setunggalipun. Wonten pawiyatan formal, peran guru wigati sanget awit boten namung ngajari lan dhawuh nirokaken lare ugi kedah nerangaken tegesipun tembang lan saget nuwuhaken raos remen dhumateng lare. Kanthi makaten lare saget bebas berkreasi.
Wonten ing sekolah radi gampil nerangaken tegesipun tembang awit sampun wonten alat peraganipun. Menawi ing keluarga, tiyang sepung utawi sedherek sepuh menawi ngajari prayogi cetha menawi perlu mawi gambar, tembang ingkang dipun ajaraken inggih tembang ingkang saget kangge tulodho, awit lare badhe nirokaken punapa ingkang sampun dipun mirengaken. Ugi kedah siap menawi wonten pitakenan lare, punapa malih menawi ngajari nembang lare ingkang dereng sekolah.
Nuwuhaken Raos kerukunan lan jujur
Tembang dolanan ingkang ngemot raos kerukunan utawi kebersamaan wonten ing tembang jamuran. Jamuran saking tembung jamur wujudipun bunder ingkang gambaraken tekat bersatu, awit rikala nembangaken tembang jamuran bentukipun lingkaran, mubeng lan sami gandengan. Nilai rukunipun lare boten badhe ngeculaken gandenganipun rikala nembang. Sasampunipun rampung nindakaken kewajibanipun kados ing jawaban pitakenan, upami dipun jawab jamur parut, pramila ingkang dadi padhe ngithik-ithik dlamakanipun para paraga ingkang dipun angkat ngantos paraga guyu, awit salaminipundipun ithik-ithik kedah nahan guyu/ mendel. Dene cakepanipun tembang jamuran makaten:
Jamuran…ya ge ge thok...

jamur apa ya ge ge thok...
Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung,
sira badhe jamur apa?

Semanten ugi ing tembang cublak-cublak suweng, para paraga anggenipun jagi kerukunan saestu saget dipun pitados, awet sasampunipun rampung nembang ingkang dadi lajeng nebak sinten ingkang mbeta krikil kanthi nyawang paraga setunggal baka setunggal, menawi wonten ingkang nyala wadi lajeng dipun tebak beta krikil, dene para paraga sami mendel sanajan mangertos sinten ingkang beta krikil. Ing mriki sampun tuwuh kejujuran awit boten ingkang tumindak curang kanthi nudhuhaken sinten ingkang beta. Ugi nilai kerukunan katanemaken. Kanggenipun lare balita saderengipun wiwit dipun terangaken menawi ingkang beta krikil boten angsal dipun tedahaken. Lan lare gadhahi sifat patuh lan jujur badhe tunduk kaliyan aturan ingkang sampun dipun weling. Dene cakepanipun tembang cublak-cublak suweng:
CUBLAK-CUBLAK SUWENG

cublak cublak suweng.. suwenge ting gelenter..
mambu ketundung gudel
pak empong lera-lere
sopo ngguyu ndelikkake
sir-sir pong dhele gosong
sir sir pong dhele gosong

Sanesipun piwulang kerukunan, wonten ing tembang cublak-cublak suweng ngemot nilai kejujuran. Rikala kita ngajari dipun terangaken mboten pikantuk ngandhani sinten ingkang beta krikil. Menawi ngandhani, dados piyambak, awit sampun dumindak curang. Kanggenipun lare umur balita anjuran punika dipun patuhi.
Nuwuhaken emosi lan berpikir kreatif
Ngajari tembang dolanan tumrap lare balita sami kaliyan nglatih berkreasi lan nuwuhaken emosi positif. Ujudipun sak sela-selanipun nembang lare badi pitaken jumbuh kaliyan umur lan pengalamanipun. Kadas rikala ngajari tembang Aku duwe pitik cilik, ingkang wetahipun makaten:
Aku duwe pitik cilik 

Wulune brintik 
Cucuk kuning cengger abang 
tarung mesthi menang 
Sapa wani karo aku mungsuh pitiku

Salebetipun ngajari tembang punika, lare pitaken “pitik kok wulune brintik, aneh bude kuwi?’ pitaken punika wajar awit lare ingkang dipun ajari rambutipun brintik, lan lare gadhah pitik namung wulunipun mboten brintik. Rumaos dereng nate mangertos pramila dipun anggep aneh menawi wonten pitik kok brintik. Ing mriki sampun ketawis bilih lare punika kreatif lan tuwuh emosi keingintahuannya bab ingkang dereng dipun mangertosi utawi benten saking wawasanipun lare.
Semanten ugi tembang Tembang dolanan Sluku-sluku Bathok
Rikala lare-lare kula ajari nembang sluku-sluku bathok wonten pitakenan makaten:
Lare 1: sikile napa gatel, kok diusuk-usuk ?
Lare 2 : Si Rama omahe Sala ta Budhe ? 
Lare 3 : Oleh-olehe kok payung ta ? 
Lare 1 : Sinten sing mati ? 
Lare 1 : golek dhuwit nggo jajan ?

Kanthi pitakekan ingkang boten kinira makaten, ribet anggen kula badhe jawab jalaran ingkang pitaken kala wau lare umur kirang langkung 3 tahun. Pramila kula jawab kanthi negesi saben tembung kula jumbuhaken kaliyan kawontenan. Gandheng wedal nembang sesarengan dereng sami adus pramila kula terangaken menawi suku punika kedah dipun gosok-gosok supados resek, punapa malih mangke pas adus kedah dipun kosoki. Pitaken lare 2; kula terangaken menawi Si Rama kesah dhateng Solo. Solo ingkang wonten reca Gladakipun, ingkang woten kratonipun. Lajeng oleh-olehipun payung supados boten kepanasen utawi kodanan. Pas pitakenan Sinten sing mati, kula jawab tiyang, lajeng taken malih tiyang sapa, lajeng kula jawab tiyang sepuh sanget (jawaban menika njih namun sak kecekele supados mboten dipun oyak pitaken malih). Lajeng pitaken pungkasan kula jawab tiyang sehat kados kula kedah pados arta, boten pareng keset, pikatuk arto kangge tumbas susu, klambi, sepatu, buku, bayar sekolah, ditabung lan sak panunggalanipun, dados boten kangge jajan kemawon. Kanthi jawaban makaten lare dados mangertos masalah reresik awak /kebersihan, kutha Sala, ginanipun payung, lan pikatuk arto mboten namung kangge jajan kemawon, saget kangge nyekapi sanesipun lan ugi ngenalaken masalah nabung.
Kanthi ngajari nembang dolanan saget nggugah gagasan lare-lare ingkang gambaraken umuripun, paling mboten saget macing berpikir kreatif, raos pingin mangertos babagan ingkang nembe dipun mirengaken. Menawi bab tembang dolanan kangge lare umur 5 tahun minggah tentunipun anggenipun nerangaken menawi woten pitakenan tentunipun benten sami kalihan lare balita. Tambah umur lan pasinaun anggenipun nerangaken dipun selarasaken kalian umur lan sekolahipun.
Nuwuhaken sifat kendel
Tembang dolanan saget nuwuhaken sifat kendel tumrapipun lare balita. Awit lare balita umumipun clingus, menawi dipun dangu mendel kewala, nanging nenawi ing keluarga sampun asring dipun ajari nembang (tembang dolanan), dongeng, lare dados kendel. Ing wiwitan lare namung nyimak syairipun, nyawang caranipun nembangaken, lajeng niru nadyan kadang kala lepat. Nalika lare lepat syairipun utawi kirang pener caranipun, kita prayogi ngelengaken. Cara punika saget nuwuhaken sifat kendel. Dangu- dangu lare badhe nembang piyambak malah kadang kala ajak-ajak kancanipun utawi tiyang sepuhipun. Dene menawi lare sampun sekolah TK, rikala dipun dhawuhi gurunipun lare badhe maju lan nindakaken dhawuhipun guru. Tulada tembang ingkang saget nuwuhaken sifat kendel:
Gundul Pacul

Gundul gundul pacul cul gelelengan
Nyunggi nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
Wakul ngglimpang segane dadi sak rattan

.Ing tembang menika langkung prayogi menawi rikala ngajari mawi peragaan utawi gerakan tangan ingkang ngambaraken tembang punika, kadosta tangan kalih nyepengi sirah, kanthi glelang-gleleng sajak kemaki. Lare badhe nyimak lan nyawang, sasampunipun rumaos saget badhe nirukaken.
Semanten ugi ing temabang Kidang Talun, kanthi nangkupaken tangan tengen ing tlapakipun tangan kiwa , jempolan kekalihpun dipun tegakaken minangka kupingipun kidang , driji tangan tengen dipun gerakaken minggah medhun kados kidang nembe ngemil utawi gayemi. Nalika nembangaken kanthi gerakan tangan tuwuh ayang-ayang kadas kidang. Ing mriki lare berusaha supados tanganipun saget kados kidang sami kaliyan contonipun. Lare nyobi lan nyobi ngantos saget, nalika saget tuwuh raos mongkok lan kendelipun, lajeng nyobi ngantos medal bayanganipun.
KIDANG TALUN

Kidang talun
mangan gedang talun
mil kethemil...mil kethemil...
si kidang mangan lembayung

Nuwuhaken raos asih
Tumrapipun tiyang sepuh ingkang kathah padamelan ing kantor utawi usahanipun maju, wedal kangge para putra kirang nyekapi. Pendidikan lan ngopeni lare dipun pasarahaken beby sisteripun utawi pembantunipun. Namung kala-kala sok dulang lare. Benten tumrapipun ibu rumah tangga ingkang mboten sibuk ing jawi griya, kathah wedal saget sesarengan kaliyan para putra. Hubungan tiyang sepuh lan lare saget katindakaken sawanci-wanci, bentuk lan caranipun maneka warna gumantung tiyang sepuh lan larenipun. Makaten ugi bab tembang dolanan, saget nuwuhaken remaketing raos asih, nalika tiyang sepuh piawi anggenipun ngajari, jalari lare pingin mangsuli lan ajar nembang malih. Malah tembang dolanan saget ngalihaken perhatian anak nalika anak rewel nyuwun sesuatu, nalikanipun lare sampun wancinipun tilem nanging mboten tilem-tilem, tembang dolanan ingkang dipun tembangaken tiyang sepuh saget nilemaken lare, kados tembang ilir-ilir, tak lela lela ledung. Kanthi cara makaten lare rumaos langkung dipun gatosaken.
Adedhasar andaran ing ngajeng nilai piwulang ing tembang dolanan karingkes dados tiga inggih menika:
1. Nilai afektif.
Tembang dolanan sifatipun seneng-sengeng mliginipun kangge lare balita lan dipun tidakaken kelompok, mawi permainan utawi tarian, ngajari lare bersosialisasi kalian tiyang sanes, ugi nuwuhaken jiwa seni, sanajan blero lare budidaya saget nembangaken miturut cengkokipun piyambak, ing mriki lare sampun mangertos bab nada, nuwuhaken kejujuran, kekompakan, kebersamaan ( tembang jamuran lan cublak-cublak suweng) , patuh dhumateng aturan igkang sampun dipun ajaraken dening tiyang sepuh, guru utawi sedherek sepuh ingkang ngajari tembang dolanan kados ing tembang cublak-cublak suweng ingakang kawiwitan hompimpah kangge nentokaken sinten ingkang dadi, lajeng ingkang dadi mengkurep ing pangkonipun tiyang sepuh utawi salah satunggalipun paraga, para paraga nglumahaken tlapakipun ing gegeripun ingkang dadi lajeng krikil dipun puter, kadang kala krikil mboten dipun pindah ngantos tembang rampung, sasampunipun rampung ingkang dadi lajeng nebak sinten ingkang beta krikil kalawau. Ing mriki tuwuh kejujuran, kekompakan, kebersamaan awit mboten wonten ingkang curang kanthi nedahaken sinten ingkang beta krikilipun.
2. Nilai kognitif
Nilai kognitif ing tembang dolanan wiwit nalika lare-lere dipun ajari nembang ngantos saget nirokaken. Tegesipun lare balita nyawang, ngrukokake syairipun, nirokaken caranipun nembangaken, lan ngemut-emut akhiripun dados ngertos lan hafal syairipun lan gerakanipun, malah saget nindakaken. menika kawastanan proses belajar, lan dipun tindakaken kanthi raos remen (seneng). Tuwuh raos ingin tahu, lare badhe ngeling-eling tembang ingkang dipun ajaraken lan nuwuhaken daya ingat, lare bade mikir lan saget mrentah kancanipun supados nindakaken punapa ingkang dipun prentah. Mliginipun lare ingkang dadi damel stategi utawi cara supados mboten dadi malih, kanthi teliti lan ngati-ati nyimak ingkang dipun tidakaken dene paraga, sak sampunipun rumaos yakin lare ingkang dadi bade nebak lan tumindak supados salah setunggaling paraga saget kagodha.
Rikala lare balita dipun ajari nembang, bab-bab ingkang dereng nate dipun mirengaken, tuwuh rasa ingin tahu, akhiripun wonten pitakenan kadosta: apa katene nakal kok dipanah, yen mati piye. ( Kate-kate dipanah), awit ing tembang menika mboten wonten katrangan salajengipun bab kate.
3. Nilai Motorik
Gegayutan kalian kekuatan fisik, khususipun rikala nembangaken tembang dolanan ingkang mawi gerakan utawi tarian. Nilai kekuatan motorik ing tangan lan suku. Kangge lare balita inggih menika saking usahanipun anggenipun nindakaken aturan, kadosta rikalan nembang jamuran kanthi kelompok, salaminipun nembang tansah gegandhengan nglatih kekuatan otot tangan kangge nahan gandhengan supados mboten pedhot jalaran ulahipun ingkang dadi, dene otok suku kangge mlajar ngimbangi playunipun ingkang dadi.



Panutup

  1. Tembang dolanan tasih relevan ing jaman modern kados sakmenika, awit isinipun ngemot pitutur luhur Jawi, kangge seneng-seneng (hiburan), ngemot ajaran moral, kawruh ngenalaken lingkungan flora lan fauna. nuwuhaken raos kerukunan lan jujur, nuwuhaken emosi lan berfikir kreatif, nuwuhaken sifat kendel, lan nuwuhaken raos asih .
  2. Tembang dolanan mujudaken perkenalan budaya jawi, kados oleh seni, nada dhumateng lare balita.
  3. Tiyang sepuh utawi lingkungan langkung prayogi ngajari tembang dolanan ingkang tembungipun prasaja, bebas tanpa aturan ingkang gumathok, lan nerangaken maknanipun ingkang dipunjumbuhaken kaliyan umur lan perkembangan jiwanipun


Buku Wacan
Akhmad MuhaimiAzzet, 2011. Urgensi Pendidikan Karakter di Indonesia.Jogjakarta: Ar-Ruzz Media.
Dwijawijata. 2006 .Tembang Dolanan (titilaras: Solomisasi), Edisi revisi. Semarang. Penerbit Kanisius
Gede Raka, dkk. 2002. Pendidikan Karakter di Sekolah: Dari Gagasan ke Tindakan. Jakarta. PT Gramedia.
Iva Noorlaila, S.Pd. 2010. Panduan Lengkap Mengajar PAUD.Yogyakarta. PINUS BOOK PUBLISHER.
I Wayan Dibia. 2000. Revitalisasi Lagu Anak-anak Diperlukan. Warta Kota 7 September (dalam kliping Nasional Musik Tradisi Nusantara) Direktorat Jendral Kebudayaan: Seksi Dokumentasi Subdit Dokumentasi dan Publikasi Direktorat Nilai Estetika.
James Dananjaja. 1997. Foklor Indonesia. Jakarta: Pustaka Utama Grafiti.
Supanto, dkk (tim). 1981/1982. Sejarah dan Budaya (Seri: Folklore). Balai Penelitian Sejarah dan Budaya Yogyakarta.

Sumber Artikel : 
Karya Tulisan Dyah Padmaningsih  (Dosen Fakultas Sastra dan Seni Rupa UNS Solo)
Naskah Elektronik pada Konggres Bahasa Jawa V Tahun 2011, dipublish tgl. 15 November 2011 12:17
Link sumber : www.kbj5.com

Sumber Gambar/Foto Ilustrasi :
Sampul Kaset "Lintang Rembulan" Lagu Dolanan (ACD-006 - LOKANANTA Cassete), 
Gambar/foto dimuat dan dipublikasikan di halaman http://wayangprabu.com/category/langgam/tembang-dolanan-langgam/


Tidak ada komentar:

Posting Komentar